Kamis, 05 Maret 2015

Mangerteni Titi Swara

MANGERTENI TITI SWARA 
ING TEMBUNG JAWA


Titi swara iku cacahe ana  lima, yaiku a, i, u,e, lan o. Nalika ditulis lan diucapake kadhang kala ana sin ora padha titi tulise lan titi swarane. Mula ayo disinaoni tuladha-tuladha  kang ana ing ngior iki.
1.    Swara [a] iku kaperang dadi loro yaiku [a] jejeg lan [a] miring
a)      [a] jejeg yaiku aksara [a] sing diucapake [a] kaya kang ana ing “aksara Jawa”
Tuladhane :  a. dawa          : d[a]w[a]
                     b. sanga         : s[a]nga[a]
                     c. bata            : b[a]t[a]
     b)   [a] miring yaiku aksara [a] sing diucapake [a] kaya wujud asline.
     Tuladhane :  a. jajan    : j[a]j[a]n
                          b. nanas  : n[a]na[a]s
                          c. enak    : en[a]k
2.        Swara [i] iku kaperang dadi loro yaiku [i] jejeg lan [i] miring.
a)      [i] jejeg yaiku aksara [i] sing diucapake wutuh utawa bener-bener [i]
Tuladha :    a. iki    : [i]k[i]
                   b. pari  : par[i]
                   c. sapi  : sap[i]
b)      [i] miring yaiku aksara [i] sing diucapake kaya [e]. Nulise tetep nganggoaksara [i] nanging diunekake [e].
Tuladha :    a. piring           : pir[i]ng
                   b. nanging       : nang[i]ng
                   c. ing               : [i]ng

3.        Swara [u] iku kaperang dadi loro yaiku [u] jejeg lan [u] miring.
a)      [u] jejeg yaiku aksara [u] sing diucapake wutuh utawa bener-bener [u]
Tuladha :    a. ibu   : ib[u]
                   b. aku  : ak[u]
                   c. sapu : sap[u]
b)  [u] miring yaiku aksara [u] sing diucapake kaya [o]. Nulise tetep nganggo huruf [u] nanging diunekake [o].
Tuladha :    a. kasur            : kas[u]r
                   b. sarung          : sar[u]ng
                   c. warung        : war[u]ng
4.        Swara [e] iku kaperang dadi loro yaiku [e] jejeg lan [e] miring.
    a)      [e] jejeg yaiku aksara [e] sing diucapake wutuh utawa bener-bener [e]
      Tuladha :    a. sate  : sat[e]
                         b. kare : kar[e]
                         c. tape: tape[e]
    b)      [e] miring yaiku aksara [e] sing diucapake[ë] lan [ê].
     Tuladha :    a. pelem           : p[e]l[e]m
                         b. kalem           : kal[e]m
                         c. embong        : [e]mbong


5.        Swara [o] iku kaperang dadi loro yaiku [o] jejeg lan [o] miring.
a)      [o] jejeg yaiku aksara [o] sing diucapake wutuh utawa bener-bener [o]
  Tuladha :  a. ora   : [o]ra
                   b. soto : sot[o]
                   c. bakso: baks[o]
b)      [o] miring yaiku aksara [o] kang nulise tetep [o] nanging diwaca utawa diucapake kaya [a] jejeg.
     Tuladha :    a. kodhok        : k[o]dh[o]k
                        b. ngorok         : ng[o]rok
                        c. kelompok     : kel[o]mp[o]k

B.     Aksara t, th, d, lan dh
Aksara t, th, d lan dh  kerep dadi salah ing panulisan lan pangucapan. Mula saka kuwi, ayo disinaoni bebarengan. Coba gatekna ing ngisor iki.
1.    Aksara [t] diucapake ana ing pucuk ilat ketemu pucuk untu.
Tuladhane  a. untu      : un[t]u
                               b. tomat    : [t]oma[t]
                               c. tindak   : [t]indak
2.  Aksara [th] diucapake ana ing pucuk ilat ketemu langit-langit ing alat ucap.
Tuladhane  a. bathuk               : ba[th]ok
                               b. kathok              :ka [tk]ok
                               c.  nuthuk             : nu[th]uk
3.    Aksara [d] diucapake ana ing pucuk ilat ketemu pucuk untu.
Tuladhane  a. kudu                 : k[u]d[u[
                               b. duren                : d[u]ren
                               c. dudu                 : d[u]d[u]
4. Aksara [dh] diucapake ana ing pucuk ilat ketemu langit-langit ing alat ucap.
Tuladhane  a. dhahar               : [dh]ahar
                               b.  sadhuk             :sa[dh]uk
                               c.  dhukun            : [dh]ukun

Selasa, 03 Maret 2015

Ukara Agya-Sambawa, Ukara Tanduk-Tanggap, Ukara Lamba-Camboran

PARAMASASTRA
Mangerteni
Ukara Agya-Sambawa, Ukara Tanduk-Tanggap, Ukara Lamba-Camboran



Ukara Agnya lan Ukara Sambawa
1.   Ukara agnya ( ukara pakon), yaiku ukara kang nelakake prentah/akon wongkang guneman marang wong kang diajak guneman supaya nindakake pakaryan.
Tuladha    :
1)      Kowe budhala dhisik!
(budhala = akon supaya budhal)
2)      Tukua beras 10 kg wae!
(tukua = akon supaya tuku)
2.   Ukara sambawa yaiku ukara kang surasane nelakake upama, sanadyan, ngarep-arep (muga-muga). Ukara iki ana titikane yaiku kanthi sarana panambang {-a} karaket karo tembung kang diantebake surasane.
Tuladha    :
1)      Budhala mau-mau, Aku mesthi ora telat.
(budhala = upama budhal)
2)   Tukua sega pecel yen mung sabuntel kok tiwas ora marem.
(tukua = sanadyan tuku)



Ukara Tanduk lan Tanggap
1.  Ukara tanduk yaiku ukara kang ngandharake panindake pakaryan tumrap ing liyan (jejere  nindakake pakaryan)..
Tuladha:
1) Aku ngeterake adhiku sekolah menyang SMP 4.
2) Dheweke durung bisa ngrampungake skripsine taun iki.
2.      Ukara tanggap yaiku sawijining ukara ing endi jejer iku nampa pakaryan kang ditindakake liyan (jejer kena pakaryan).
Tuladha:
1)      Dheweke daktresnani kanthi lair batin.
2)      Para siswa kelas XII sa-SMAN 1 kawisudha dening Kepala Sekolah.

Ukara Lamba lan Ukara Camboran
1.      Ukara lamba yaiku ukara kang kedadeyan saka saukara bae. ukara lamba uga diarani ukara baku.
Tuladha:
1)      Bapak arep tindak
2)      Kowe kabeh siswa ing SMAN 1

2.      Ukara camboran yaiku ukara kang kedadeyan saka rong tembung utawa luwih kang kagandheng dadi siji. Kanggo nggandheng ukara iki biasane nggunakake tembung pangiket. Tembung pangiket ing antarane yaiku dene, supaya, senajan, sebab, manawa, lsp.
       Tuladha:
1)      Rista bingung nggarap tugas Fisika, dene Luhur amung santai mbukaki mbah google.
2)      Dina iki aku tetep mlebu sekolah senajan udan nrecih awit shubuh.


MGMP Mulok Basa Jawi Kutha Kediri

Minggu, 15 Februari 2015

Struktur Kepengurusan MGMP Bahasa Jawa Kota Kediri

Penanggung Jawab : Kepala Diknas Kota Kediri
Ketua                      : Endah Agustina, S.Pd
Sekretaris                : Dekki Priyatama N.A., S.Pd
Bendahara               : Sari Rahmawati. S.Pd