Selasa, 03 Maret 2015

Ukara Agya-Sambawa, Ukara Tanduk-Tanggap, Ukara Lamba-Camboran

PARAMASASTRA
Mangerteni
Ukara Agya-Sambawa, Ukara Tanduk-Tanggap, Ukara Lamba-Camboran



Ukara Agnya lan Ukara Sambawa
1.   Ukara agnya ( ukara pakon), yaiku ukara kang nelakake prentah/akon wongkang guneman marang wong kang diajak guneman supaya nindakake pakaryan.
Tuladha    :
1)      Kowe budhala dhisik!
(budhala = akon supaya budhal)
2)      Tukua beras 10 kg wae!
(tukua = akon supaya tuku)
2.   Ukara sambawa yaiku ukara kang surasane nelakake upama, sanadyan, ngarep-arep (muga-muga). Ukara iki ana titikane yaiku kanthi sarana panambang {-a} karaket karo tembung kang diantebake surasane.
Tuladha    :
1)      Budhala mau-mau, Aku mesthi ora telat.
(budhala = upama budhal)
2)   Tukua sega pecel yen mung sabuntel kok tiwas ora marem.
(tukua = sanadyan tuku)



Ukara Tanduk lan Tanggap
1.  Ukara tanduk yaiku ukara kang ngandharake panindake pakaryan tumrap ing liyan (jejere  nindakake pakaryan)..
Tuladha:
1) Aku ngeterake adhiku sekolah menyang SMP 4.
2) Dheweke durung bisa ngrampungake skripsine taun iki.
2.      Ukara tanggap yaiku sawijining ukara ing endi jejer iku nampa pakaryan kang ditindakake liyan (jejer kena pakaryan).
Tuladha:
1)      Dheweke daktresnani kanthi lair batin.
2)      Para siswa kelas XII sa-SMAN 1 kawisudha dening Kepala Sekolah.

Ukara Lamba lan Ukara Camboran
1.      Ukara lamba yaiku ukara kang kedadeyan saka saukara bae. ukara lamba uga diarani ukara baku.
Tuladha:
1)      Bapak arep tindak
2)      Kowe kabeh siswa ing SMAN 1

2.      Ukara camboran yaiku ukara kang kedadeyan saka rong tembung utawa luwih kang kagandheng dadi siji. Kanggo nggandheng ukara iki biasane nggunakake tembung pangiket. Tembung pangiket ing antarane yaiku dene, supaya, senajan, sebab, manawa, lsp.
       Tuladha:
1)      Rista bingung nggarap tugas Fisika, dene Luhur amung santai mbukaki mbah google.
2)      Dina iki aku tetep mlebu sekolah senajan udan nrecih awit shubuh.


MGMP Mulok Basa Jawi Kutha Kediri

1 komentar:

  1. Wah sêratanipun sae sangêd. Manawi krêsa, kula aturi dhatêng blog-blog kula. Kula nembe ngupadosakêm basa Jawi kagêm kahanan kalihan tiyang saniki. Manawi ngrêsakakên sagêd ngirimakên layang inthêrnet marang kula kagêm jangkêpanipun. Matur nuwun. 🙂

    https://bausastrainggrisjawi.blogspot.com/?m=1

    Blog-blog sanesipun sagêd kapunpirsani manawi dipundudul profil blog.. Matur nuwun

    BalasHapus